Palinggih

Ing jagat pulitik, palinggih (cara Inggris: incumbent), iku wong kang pinuju manggoni siji kalungguhan pulitik. Panganggoné tembung iki sok gegayutan karo pilihan umum kang caloné iku ana kang lagi kadhapuk (linggih) ing kalungguhan pulitik. Tuladhané, ing Pilihan Umum Présidhèn Indonésia 2009, salah siji calon présidhèné iku Susilo Bambang Yudhoyono kang minangka palinggih amarga pinuju linggih présidhèn. Ing saingan kursi-binuka (palinggih ora nyalonaké awaké dhéwé), tembung "palinggih" iku kanggo ngarani calon saka parté kang lagi kuwasa.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy