Praja Sundha

Wewengkon tilas Karajan Sunda

Karajan Sundha (669-1579 M), miturut naskah Wangsakerta minangka Karajan kang madeg nggantèkaké Karajan Tarumanagara. Karajan Sundha diyasa Tarusbawa ing taun 591 Caka Sundha (669 M). Miturut sumber sajarah primer kang asalé saka abad kaping 16, Karajan iki minangka siji Karajan kang nyakup wewengkon kang saiki dadi Provinsi Banten, Jakarta, Provinsi Jawa Kulon, lan pérangan kulon Provinsi Jawa Tengah.

Miturut naskah kuna primèr Bujangga Mlanik (kang nyaritakaké lelaku Bujangga Manik, siji pandhita Hindhu Sundha kang ngunjungi papan-papan panggonan suci agama Hindhu ing Pulo Jawa lan Bali ing wiwitan abad kaping 16), kang wektu iki disimpen ing Perpustakalan Boedlian, Oxford University, Inggris wiwit taun 1627), wates Karajan Sundha ing sisih wétan ya iku Ci Pamali ("Sungai Pamali", saiki ingaran minangka Kali Brebes) lan Ci Serayu (kang wektu iki ingaran Kali Serayu) ing Provinsi Jawa Tengah.

Tome Pires (1513) sajeroning cathetan perjalanané, Suma Oriental (1513 – 1515), nyebutaké wates wewengkon Karajan Sundha ing sisih wétan kaya mangkéné:

Sauntara wong negasaké yèn Karajan Sundha nyakup setengah Pulo Jawa. Sepérangan wong liyané nyatakaké yèn Karajan Sundha nyakup saprotelon Pulo Jawa ditambah saprawolon manèh. Dikandhakaké, yèn keliling Pulo Sundha telunatus legoa. Pucuké ya iku Ci Mlanuk.

Miturut Naskah Wangsakerta, wewengkon Karajan Sundha nyakup uga laladan kang wektu iki dadi Provinsi Lampung liwat pernikahan antara kulawarga Karajan Sundha lan Lampung. Lampung dipisahaké saka pérangan liya Karajan Sundha déning Selat Sundha.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy