Pranata mangsa

Pranata Mangsa (ꦥꦿꦤꦠꦩꦁꦱ​​) iku pamérangan mangsa miturut adat Jawa. Pamahaman kang mèmper kaya iki uga kaloka déning suku-suku liyané ing Indonésia mligi suku Sundha. Pranata mangsa sajeroning vèrsi kawruh sing diugemi para among tani utawa warigaluh diwarisaké kanthi lésan. Kajaba iku kawruh iki asipat sawengkon lan sawatara (diwatesi déning papan lan wektu) saéngga sawijining princèn sing digawé kanggo sawenèh panggonan durung mesthi cocog kanggo panggonan liya. Para among tani, upamané, migunakaké paugeran pranata mangsa kanggo nemtokaké wiwitan mangsa tandur. Nelayan migunakaké minangka paugeran kanggo lunga menyang sagara lan meruhi iwak apa sing bakal diéntukaké[1][2]. Kajaba iku, ing sawatara pérangan, ana sawatara kaanan sing dijlèntrèhaké pranata mangsa ing jaman saiki kurang bisa diprecaya sairing karo perkembangan tèknologi.

Pranata mangsa vèrsi Kasunanan (kaya sing dipratélakaké ing pérangan iki) lumaku tumrap wewengkon antarané Gunung Merapi lan Gunung Lawu[3]. Setaun miturut pananggalan iki dipérang dadi patang mangsa utama, ya iku mangsa katiga (88 dina), mangsa pancaroba ngadhepi udan utawa labuh (95 dina), mangsa udan utawa rendheng (95 dina), lan pancaroba pungkasan mangsa udan utawa marèng (IPA:[marɛŋ], 86 dina).

Mangsa bisa digandhèngaké karo prilaku kéwan, tuwuhé tetuwuhan, kaanan lingkungan ing saubengé, lan sajeroning pangéjawantahané gegandhèngan karo budaya agraris. Miturut ciri-ciri iki setaun uga bisa dipérang dadi patang mangsa utama lan rong mangsa "cilik": terang ("langit padhang", 82 dina), semplah ("penderitaan", 99 dina) kanthi mangsa cilik paceklik ing 23 dina wiwitan, udan ("mangsa udan", 86 dina), lan pangarep-arep ("penuh harap", 98/99 dina) kanthi mangsa cilik panèn ing 23 dina pungkasan[3][4].

  1. Kusuma M. Lelayaran kanthi Paugeran Pranata Mangsa Archived 2009-11-18 at the Wayback Machine.. Kompas daring. Edisi 20-01-2009. Diakses 26-06-2010.
  2. Hubungan pranata mangsa dengan mangsa penangkapan ikan. Artikel ing laman Dinas Perikanan lan Kelautan Provinsi DI Yogyakarta.
  3. a b Daldjoeni N. 1984. Pranatamangsa, the javanese agricultural calendar – Its bioclimatological and sociocultural function in developing rural life. The Environmentalist 4:15–18[pranala mati permanèn] DOI:10.1007/BF01907286.
  4. Pranata salah mangsa. Artikel ing blog Rawins. 14 Dhésèmber 2009

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy