Prancis

République française
Bendera Prancis Lambang Prancis
Sesanti: Liberté, Egalité, Fraternité
(Basa Prancis: Kabebasan, Kaadilan, Paseduluran)
Lokasi Prancis
Basa resmi Basa Prancis
Kutha krajan Paris
Kutha gedhé dhéwé Paris
Présidhèn Emmanuel Macron
Nayakotama Élisabeth Borne
Wewengkon
 -Total1

 -Prancis Metropolitan2

 -% air
Urutan angka 42
674,843 km²
Urutan kaping 47
551.695 km²
543.965 km²
0,26%
Padunung
(1 September 2006)
 -Total1
 -Prancis Metropolitan2
 -Kapadhetan2
Urutan angka 2017

67.186.638
65.058.000
116/km²
PDB (PPP)
 -Total (2003)
 -PDB/wong
Urutan angka 5
$1,661 trilyun
$27.600
Mata uang Euro (€)3, Franc CFP4
Zona wektu
 -dalam mangsa panas
CET (UTC+1)2
CEST (UTC+2)2
Lagu kabangsan La Marseillaise
TLD .fr
Kodhe telepon 33

1 Kabèh wewengkon Républik Prancis, kalebu kabèh departemen lan wewengkon jaban rangkah, ora kalebu Terre Adélie ing Antartika amarga kadhaulatan ditunda wiwit ditapak asmani Persetujuan Antartika taun 1959
2 Metropolitan (pérangan Éropa) saka Prancis waé
3 Kabèh Républik Prancis ora kalebu wewengkon jaban rangkah ing Samodra Pasifik
4 Wewengkon Républik Prancis ing jaban rangkah ing Samodra Pasifik waé

Peta pamérangan administratif Prancis miturut région
Peta pamérangan administratif Prancis miturut région

Républik Prancis utawa Parangakik utawa Prasman (basa Prancis: République française, Walanda: Frankrijk) iku nagara gedhé ing Éropa. Kutha krajané Paris. Saliyané ing dharatan Éropa, wewengkoné uga nyakup sawatara pulo lan wewengkon ing bawana liya. Prancis Metropolitan mbentang saka Sagara Tengah nganti Selat Inggris lan Sagara Lor, sarta saka Kali Rhein nganti Samudera Atlantik. Wangun wewengkon iki wujudé segi enem saéngga diparabi l'Hexagone ("Sang Segienem").

Ing dharatan, Prancis diwatesi déning Belgi, Luxemburg, Jerman, Switserlan, Itali, Monako, Andorra, lan Spanyol. Prancis lan Inggris digayutaké déning Trowongan Channel kang nembus dhasar Selat Inggris. Ing jaba wewengkon metropolitané, Prancis uga nduwé wates karo Brasil, Suriname, lan Antillen Walanda.

Républik iki nganut dhémokrasi kang nganut sistem semi-presidensial. Idhe-idhe pokok kamot sajeroning La Déclaration des droits de l'Homme et du citoyen (Dheklarasi hak manungsa lan warga). Minangka telu nagara gedhé ing Uni Éropa bebarengan karo Karajan Manunggal lan Jerman, Prancis minangka salah siji pangadeg Uni Éropa lan minangka anggota kanthi jembar wewengkon kang paling amba. Prancis uga minangka salah siji pangadeg Perserikatan Bangsa-Bangsa kang dadi salah siji anggota tetep Dewan Keamanan PBB kang nduwé hak véto.

Prancis misuwur kanthi jagad adibusana (fashion), roti, anggur, musik, sepur super rikat TGV, lan resor-resor ski ing Pagunungan Alpen, cedhak tapel wates karo Switserlan. Jeneng "Prancis" marisi jeneng sawijining karajan Jermanik kang wewengkoné tau nyakup laladan iki sawisé runtuh Kasésaran Ngerum, ya iku karajan Franka.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy