Prasasti Jambu utawa Pasir Kolengkak inggih punika prasasti ingkang asalipun saking Karajan Tarumanagara ingkang pinanggih ing laladan kebon jambu, kinten-kinten 30 km sisih kulon Kitha Bogor. Prasasti punika dumunung ing Kampung Pasir Gintung Parakan Muncang, Kacamatan Nanggung, Bogor.[1] Prasasti punika gadhah kagunan ingkang wigati amargi minangka salah satunggaling sumber sujarah kontemporer.[1]