Rembulan

Rembulan (simbol: ☾) ngrujuk ing satunggal utawi langkung satelit alami ingkang édharanipun ngiteri satunggaling planit ingkang ukuranipun langkung ageng, lan ugi ngiteri lintang. Rembulan ingkang édharanipun ngiteri Bumi namung gadhah ukuran seprapat ukuran Bumi lan ngiter saben 27.3 dinten, ing jarak rata-rata 384,400 kilomèter ing saandhaping tarikan gravitasigravitasi Bumi.

Rembulan boten ndarbéni sumber cahya. Cahya rembulan punika asalipun saking pantulan cahya Srengéngé, boten mantul saking bumi. Nanging kadhang kala cahyanipun ugi saking bumi. Dados cahya saking srengéngé langsung tumuju bulanbulan. Bulan ndarbéni diameter 3,476 kilomèter kanthi gaya gravitasi namung 0.16 = (1/6) gaya gravitasi bumi. Dipunpitados Bulan kadhapur saking obyék ingkang agengipun sami kaliyan Mars ingkang nabrak BumiBumi lajeng pecah. Inti obyék kasebat nabrak bumi, nanging lapisan njawi Bumi kaplanting lan kajebak ing orbitorbit ngililingi Bumi lajeng mbentuk Bulan.

Massa jinis Bulan (3,4 g/cm2), langkung ènthèng tinimbang massa jinis Bumi (5,5 g/cm2), déné [massa] Bulan namung 0.012 massa Bumi.

Rembulan ingkang katarik déning gaya gravitasi Bumi boten dhawah tumuju Bumi amargi gaya sentrifugal ingkang timbul saking orbit Bulan ngililingi bumi. Agengipun gaya sentrifugal Bulan punika sakedhik langkung ageng tinimbang gaya tarik-tarikan antawisipun gravitasi Bumi lan Bulan. Perkawis punika njalari Bulan saya ngedoh saking bumi. Kecepatan Bulan ngedohi Bumi sakiwa-tengené 3,8 cm/taun lan badhé saya rikat ing mangsa ngajeng ngantos copot saking orbit Bumi.

Rembulan namung saged kapirsani saking satunggal sisih lumah manawi dipunamati saking Bumi amargi kala rotasi bulan punika sami kaliyan kala revolusi(orbit) rembulan ngililingi bumi inggih punika 27,32 dinten.

Ing rembulan boten wonten udara utawi toya, namung kathah kawah ingkang wonten ing lumah bulan amargi saking tabrakan kaliyan komet. Boten wontenipun udara lan toya ing bulan njalari kikisan boten wonten lan kawah ing rembulan ingkang umuripun mayuta-yuta taun kapengker taksih wetah. Kawah paling ageng ing bulan inggih punika Clavius kanthi garis pusat 230 kilomèter lan lebetipun 3.6 kilomèter. Boten wontenipun udara ugi njalari boten wonten suwanten ingkang saged kapirengaken ing Bulan.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy