Roeslan Abdulgani

Roeslan Abdulgani
Mantri Komunikasi dan Informatika Républik Indonésia 15
Linggih
13 November 1963 – 27 Agustus 1964
PrésidhènSoekarno
Kang sadurungéMohammad Yamin
Kang sawiséAchmadi
Mantri Luar Negeri Républik Indonésia 9
Linggih
24 Maret 1956 – 9 April 1957
PrésidhènSoekarno
Kang sadurungéIde Anak Agung Gde Agung
Kang sawiséSoebandrio
Rerincèn dhiri
Lair(1914-11-24)24 Novèmber 1914
Nèderlan Surabaya, Jawa Timur, Hindia Nèderlan
PatiJuni 29, 2005(2005-06-29) (umur 90)
BangsaIndonésia
ProfésiDiplomat
AgamaIslam
Tandha tangan

Roeslan Abdulgani (Cithakan:Lairmati) ya iku nagarawan lan pulitikus Indonésia kang minangka Mantri Luar Negeri Indonésia ing taun 1956-1957.[1] Dhèwèké racaké diundang kanthi nama Cak Roes.[1]

Roeslan ya iku Sekretaris Jenderal Departemen Luar Negeri nalika taun 1954-1956.[1] Setaun sawisé, dhèwèké dadi Sekretaris Jenderal Konferensi Asia-Afrika ing Bandung ing taun 1955.[1] Sawisé dadi Mantri Luar Negeri, dhèwèké dadi Mantri Penerangan nalika taun 1962-1966, lan Wakil Mahamantri ing taun 1966-1967.[1] Sawisé présidhèn diganti saka présidhèn Soekarno diganti présidhèn Soeharto, Roeslan dipercaya dadi Duta Besar RI ing Perserikatan Bangsa-Bangsa (1967-1971) lan uga dadi Ketua Tim Penasihat Présidhèn ngenani Pancasila 20 taun wiwit taun 1978.[1]

Roeslan uga duwé gelar Jenderal TNI Kahormatan Bintang Papat, Bintang Mahaputra.[2] Samangsa uripé, dhèwèké dikenal duwé gayutan kang cedhak karo Présidhèn Soeharto.[2] Saka nikahe karo Sihwati Nawangwulan, dhèwèké duwé lima anak.[2]

  1. a b c d e f Roeslan Abdulgani Archived 2016-03-04 at the Wayback Machine. (Dipuntingali tanggal 19 Agustus 2011)
  2. a b c Roeslan Abdulgani Archived 2011-03-20 at the Wayback Machine. (Dipuntingali tanggal 19 Agustus 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy