Roti Canai

     
Roti canai
Roti canai
Jeneng liyanéRoti cane
JinisFlatbread
Panggonan asalMalaysia[1][2][3]
Tlatah utawa prajaMalaysia, Brunei, Indonesia,[4] Singapore, Thailand
DigawéMalaysian Indian cuisine
Hawa ajanganPanas
Woworan pokokFlour
VariasiParatha
Buku masakan: Roti canai  Médhia: Roti canai
Roti Canai

Roti canai inggih punika salah satunggaling jinis roti gèpèng (flatbread) ingkang kenging pangaribawa saking India. Roti punika taksih kathah kapanggihaken wonten ing Indonesia lan ugi wonten ing Malaysia. Roti punika saged kapanggihaken wonten ing gerai ing Malaysia utawi wonten ing griya dhahar Aceh wonten ing Indonesia. Wonten ing Singapura, roti kados punika dipunsebat kaliyan roti prata. Wujudipun lan ugi bahanipun ingkang mèmper kaliyan kerala porotta. Roti punika gèpèng sanget amargi dipundamel kanthi cara dipunubengaken ngantos adonanipun dados tipis sanget lajeng dipuntekuk lan pungkasan dipunpanggang kanthi ngginakaken lisah. Kejawi punika saged ugi kanthi damel adonan ingkang saèstu tipis sanget wonten ing saknginggilipun papan panggangan.

Wonten ing Indonesia, roti canai punika dipuncawisaken kaliyan kari menda utawi domba.

  1. "Kuala Lumpur: Roti Canai".
  2. "Roti Canai (Authentic Malaysian Recipe)".
  3. "Adventurous Polish loves Kg Baru, roti canai and helps new expats get to know M'sia: Roti Canai".
  4. "Roti Maryam/Konde/Cane/Canai". Indonesia Eats. Diarsip saka sing asli ing 2019-11-03. Dibukak ing 2018-02-15.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy