Sashimi

Sashimi
Sashimi iwak Hiramasa wutuh

Sashimi (刺身?) ya iku panganan Jepang wujud panganan asal sagara kanthi kaanan kang isih seger lan langsung dipangan nalika mentah bebarengan karo bumbu kaya déné kecap asin, parutan jaé, lan wasabi.

Panganan saka sagara kaya seperti iwak, kerang, lan urang karang disuguhaké sajeroning wangun irisan cilik kang gampang dipangan, déné urang ukuran cilik ana kang mung dioncèki kulit lan dibuwang ndhasé waé.

Tsuma iku sebutan kanggo bahan panganan tambahan kang bisa wujud lobak kang dirajang dawa cilik-cilik, godhong awerna ijo kang diarani Oba (Aojizo), utawa suket sagara kaya wakame lan osakanori.

Sashimi uga ateges nikmati sajeroning kaanan mentah, wiwit saka cuilan mentah iwak jaran (Basashi), iwak pitik (Torisashi), ati pitik utawa ati sapi, nganti potongan konnyaku lan kembang tahu kang diarani yuba.

Ing tlatah Kansai, sashimi luwih dikenal kanthi sebutan O-tsukuri.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy