Tetanduran wiji tunggal

Monokotil
Kalamangsa: Kreta - sekarang
Bunga Hemerocallis
Klasifikasi ngèlmiah e
Karajan: Plantae
Klad: Tracheophyta
Klad: Spermatophyta
Klad: Angiospermae
Klad: Monokotil

Ordo

lihat teks

Tetuwuhan wiji tunggal (utawa monokotil, utawa liliopsida) iku salah siji saka rong golongan gedhé tetuwuhan ngembang kang kanthi klasik diajaraké; golongan kang liyané ya iku tetuwuhan wiji loro utawa dikotil. Ciri kang paling khas ya iku wijiné ora mecah amarga mung duwé siji godhong lembaga. Golongan iki diakoni minangka takson (minangka kelas sarta subkelas) sajeroning manéka sistem klasifikasi tetuwuhan lan olèh manéka jeneng, kaya Monocotyledoneae, Liliopsida, lan Liliidae. Miturut analisis filogèni, golongan iki diweruhi duwé sipfat monofiletik utawa holofiletik. Sistem klasifikasi APG II ngakoni monokotil minangka klad kang diarani monocots.

Golongan tetuwuhan iki nyakup manéka warna tetuwuhan paling migunani sajeroning kauripan manungsa. Minangka sumber pangan, sumber ènergi nabati, sumber bahan baku indhustri, perumahan, dekorasi, sandhangan, médhia panulisan, zat pewarna, lan sapanunggalané. Ana watara 50 èwu nganti 60 èwu jinis kang wis dikenal; mituurut IUCN ana 59.300 jinis. Orchidaceae (suku anggrèk-anggrèkan) iku suku kang ndarbèni anggota paling akèh sajeroning tetuwuhan ngembang, kanthi 20 èwu jinis. Anggota suku pari-parian (Poaceae utawa Graminae) dikenal minangka suku kanthi aréal tuwuhan kang paling amba ing donya minangka sumber bahan pangan. Suku-suku liyané kang ora kalah wigati ya iku suku pinang-pinangan (Arecaceae utawa Palmae), suku bawang-bawangan (Alliaceae), suku temu-temuan (Zingiberaceae), lan suku pisang-pisangan (Musaceae). Akèh uga ing antarané kang dibudidayakna minangka tuwuhan pethètan.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy