Tuak

Tuak ing botol ingkang taksih dipundèrès

Tuak inggih punika satunggaling unjukan mawi alkohol Nuswantara. Unjukan punika kalebet asiling fermentasi saking nira, beras utawi bahan unjukan/ woh ingkang gadhah kandhutan gula. Tuak punika prodhuk unjukan ingkang gadhah kandhutan alkohol. Bahan baku ingkang saged dipun-ginakaken inggih punika: beras utawi cairan ingkang dipunpendhet saking tuwuhan kados déné nira wit enau utawi nipah, utawi legèn saking wit siwalan utawi tal, utawi sumber sanèsipun.[1][2] Kadar alkoho tuak wonten ing pasaran punika béda-béda gumantung kaliyan papan anggènipun damel. Tuak ingkang jinis arak ingkang dipundamel wonten ing Pulo Bali ingkang kondhang minangka Brem Bali, punika dipunmangertosi gadhah kandhutan alkohol ingkang radi inggil.

Sapérangan papan wonten ing Pulo Madura rumiyin punika kondhang minangka papan ingkang ngasilaken tuak, nanging tiyang Madura punika boten gadhah pakulinan ngunjuk ingkang kiyat. Tumrap masyarakat Tapanuli, Sumatra Lor, mliginipun masyarakat Batak punika mastani bilih tuak punika gadhah khasiat damel badan séhat amargi wonten kandhutan ingkang saged damel badan punika anget. Pérangan ingkang sami punika ugi kapanggihaken wonten ing pakulinan masyarakat Suku Toraja ing Tana Toraja, Sulawesi Kidul ingkang gadhah pakulinan ngunjuk tuak. Kejawi kanggé ngangetaken awak, tuak saking wit enau wonten ing Toraja punika sampun dados unjukan wonten ing ritual-ritual adat. Satemah saben wonten ritual adat sampun mesthi wonten tuak.

  1. Enjoying ‘tuak’ in Batak country by Wan Ulfa Nur Zuhra, NORTH SUMATRA, Feature, January 21, 2013 Jakarta Post
  2. Rundel, Philip W. The Chilean Wine Palm Archived 2006-01-04 at the Wayback Machine. in the Mildred E. Mathias Botanical Garden Newsletter, Fall 2002, Volume 5(4). Retrieved 2008-08-31

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy