Uyon-uyon

Uyon-uyon asalé saka tembung "manguyu-uyu" sing tegesé pasugatan gendhing kang mirunggan. Biyasané ana ing gegendhingan nalika nduwé gawé. Yèn ngandhakaké uyon-uyon kuwi ora bisa uwal saka sing jenengané karawitan. Karawitan bisa kanggo ngiringi apa waé, ananging yèn uyon-uyon ora bisa, amarga uyon-uyon kuwi pagelaran karawitan sing ngadeg dhéwé. Tuladha adicara utawa éwuh sing biyasa ana uyon-uyoné ya iku acara mantèn, syukuran lan sakpituruté.[1]

  1. Wursita Basa.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy