Wong Batak

Omah Adat Batak

Wong Batak utawa Suku Batak iku bebrayan ing Indonésia.[1] Jeneng iki kalebu jeneng terma kolèktif kanggo ngidentifikasi bebrayan kang manggon saka Tapanuli lan Sumatra Wétan, ing Sumatra Lor.[1] Suku bangsa kang kagolongaké kanthi jeneng wong Batak yaiku: Batak Toba, Batak Karo, Batak Pakpak, Batak Simalungun, Batak Angkola, lan Batak Mandailing.[1]

Akeh-akehé wong Batak ngugemi agama Kristen lan sisané ngugemi agama Islam.[1] Nanging ana uga wong Batak kang ngugemi agama Malim lan ngugemi kapercayaan animisme kang diarani Sipelebegu utawa Parbegu.[1] Nanging cacahé wong kang nganut kapitayan iki sangsaya suda.[1]

  1. a b c d e f Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng internet1

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy