Wong Kutai

Suku Kutai ing Kutai, Kalimantan Timur
Suku Dayak Kutai
Gunggung cacah jiwa
(~ 314.000)
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Kalimantan Timur: 314.000
Basa
Kutai, Banjar, Melayu, Indonésia
Agama
Islam
Golongan ètnik magepokan
Melayu, Dayak (Rumpun Ot Danum: suku Dayak Tunjung, Bawanaq, Banjar

Suku Kutai utawi Suku Dayak Kutai inggih punika suku asli ingkang dumunung ing wewengkon Kalimantan Timur ingkang mayoritas sapunika agama Islam lan gesang ing pinggir kali[1]. Suku Kutai minangka péranganing rumpun Suku Dayak, mliginipun dayak rumpun ot danum (tradisi lésan tiyang sepuh ing sapérangan Suku Kutai ingkang ngandharaken bilih Suku Dayak Lawangan ingkang lajeng dumunung ing Kalimantan Timur nglairaken Suku Dayak Tunjung lan Suku Dayak Bawanaq, lajeng kanthi mlebetipun budaya muslim nglairaken masarakat Suku Kutai ingkang bènten budaya kaliyan Suku Dayak)[2]. Wiwitanipun Kutai minangka nama sawijining teritori papan dunungipun masarakat asli Kalimantan utawi Dayak. Suku Kutai dhedhasar bentukipun kalebet suku mmelayu tuwa kados déné Suku Dayak ing Kalimantan Timur. Amargi makaten saking fisik Suku Kutai mirib kaliyan Suku Dayak rumpun ot danum. Hubungan Kekerabatan Suku Kutai kaliyan Suku Dayak dipuncariyosaken ugi ing tradisi lésan Suku Dayak kanthi manéka versi ing sapérangan sub suku rumpun ot danum (amargi piyambak-piyambak sub suku gadhah sajarah piyambak). Adat-istiadat lama Suku Kutai kathah ingkang sami kaliyan adat-istiadat Suku Dayak rumpun ot danum (mliginipun tunjung-bawanaq) kados; erau (upacara adat ingkang paling meriah), belian (upacara jogèd penyembuhan lelara), memang, lan mantra-mantra sarta ngèlmu gaib kados; parang maya, panah terong, polong, racun gangsa, perakut, peloros, lan sanès-sanèsipun. Ing pundi adat-adat mau kagunganipun Suku Kutai lan Suku Dayak. Dumugi sapunika taksih wonten Suku Kutai ing Désa Kedang Ipil, Kabupatèn Kutai Kartanagara ingkang nganut kepercayaan kaharingan kados déné Suku Dayak.[3]

  1. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-03-19. Dibukak ing 2013-01-05.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  2. [1]
  3. [2]

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy