Wong Talang Mamak

Suku Talang Mamak
Talang Mamak
Gunggung cacah jiwa
(6.983 jiwa)
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
provinsi Riau
Basa
Basa Talang Mamak, Basa Melayu
Agama
Animisme, Islam, Kristen.
Golongan ètnik magepokan
Melayu, Minangkabau

Tiyang Talang Mamak minangka sekumpulan masarakat ingkang terasing lan gesangipun taksih kanthi cara ingkang tradhisional ing Kali Indragiri, Provinsi Riau, Indonesia.

Wonten ing kelompok masarakat punika wonten sub kelompok ingkang dipunsebut kanthi suku, lajeng kapérang malih wonten ing salebeting tobo lan unit ingkang paling alit dipunsebut kanthi hinduk utawi perut utawi dipunsebut ugi puak anak.[1]

Kelompok masarakat punika kagolong Proto Melayu (Melayu Tua) ingkang minangka suku asli Indragiri Hulu kanthi sebutan ”Suku Tuha”[2] ingkang ateges suku kapisanan ingkang rawuh lan langkung gadhah hak saking sumber daya alam ing Indragiri Hulu. Kajawi punika ugi, kalebet Melayu Tua.[2]

  1. Benjamin, G., Chou, C., (2002), Tribal Communities in the Malay World: Historical, Cultural and Social Perspectives, Institute of Southeast Asian Studies, ISBN 981-230-166-6.
  2. a b Talang Mamak diakses padha 14 Januari 2013

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy