Wos

Wos pethak lan wos abrit

Wos utawi beras (ngoko) punika gabah ingkang sampun dipunbucal kulitipun kaliyan dados sumber karbohidrat kanggé mayoritas manungsa ing donya. Cekakipun, beras punika wosing gabah.

Kulit utawi rambut gabah miturut anatomi saged ugi dipunsebat ‘palea’ (pérangan ingkang dipuntutupi) lan ‘lemma’ (pérangan ingkang nutupi).

Cara anggénipun mbucal kulit gabah dados beras wonten kalih, inggih punika:

  • Cara tradhisional, gabah dipundheplok nganggé lumpang utawa lesung saha alu. Salajengipun, beras dipunpisahaken saking bekatul (kulit gabah ingkang sampun alus) ngagem tampah. Bekatul piyambak saged dipun-ginakaken dados pakan kéwan ternak, upaminipun ayam, mènthog lan babi.
  • Cara modhèren, gabah dipungiling nganggé mesin panggilingan. Mawi piranti punika, beras saged langsung resik lan dipunpisah kaliyan rambut gabah (kulit gabah ingkang setengah wetah (basa Indonésia: sekam) lan bekatul. Rambut gabah saged dados rabuk taneman kanggé mbudhidhaya taneman hias utawi dipunbrastha ngantos dados awu. Awu punika saged dipunanggé kanggé isah-isah perabot pawon (basa Indonésia: dapur) sasampunipun dipuncampur sabun.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy