Asia Tenggara


Asia Tenggara
Topography of Southeast Asia.
Topography of Southeast Asia.
Area 5.000.000 km² (1.930.510,8 mil²)
Populasi 593.000.000
Kepadatan 118,6/km2 (307/mil2)
Negara
Teritori
GDP (2009) $1.486 trillion (exchange rate)
GDP per capita (2009) $2,500 (exchange rate)
Time Zones UTC+5:30 (Pulau Andaman lan Nicobar) gutul UTC+9:00 (Indonesia)
Ibu kota
Kota paling gede

Asia Tenggara kuwe salah siji kawasan nang bawana Asia bagian Kidul-Wetan. Kawasan kiye mencakup Indochina lan Semenanjung Malaya serta kepulauan nang sekitare. Asia Tenggara berbatesan karo Republik Rakyat Cina nang sisi lor, Samudra Pasifik nang wetan, Samudra Hindia nang kidul, lan Samudra Hindia, Teluk Benggala, lan anak bawana India nang kulon.

Asia Tenggara biasa dipilah maring loro kelompok: Asia Tenggara Daratan (ATD) lan Asia Tenggara Maritim (ATM).

Malaysia, senaja ana bagiane sing nyambung maring bawana Asia, biasane dilebokna maring ATM jalaran alasan budaya. Kabeh negara Asia Tenggara mlebu maring organisasi ASEAN. Timor Leste sing sedurunge dadi bagiane Indonesia uwis ngajukna dadi anggota ASEAN senajannegara kiye cokan dilebokna maring kawasan Pasifik nang beberapa pihak kanggo alasan politis.[1]

Secara geografis (lan uga secara historis) sebenere Taiwan lan pulau Hainan uga mlebu Asia Tenggara, dadine uga melu dilebokna. Tapi jalaran alasan politik Taiwan lan pulau Hainan lewih sering dilebokna maring kawasan Asia Timur. Kepulauan Cocos lan Pulau Natal, sing ana nang kidule Jawa, nang beberapa pihak dilebokna maring Asia Tenggara senajan secara politik ana nang ngisore administrasi Australia. Sewalike, Pulau Papua dilebokna maring Asia Tenggara secara politik senajan secara geologi uwis ora mlebu bawana Asia.

  1. Timor Leste Resmi Ngajokna Dadi Anggota ASEAN, detikNews, diakses tanggal 17 Maret 2011.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy