Basa Jawa

Basa Jawa, Basa Jawi
Dituturaken nang: Jawa (Indonesia), Suriname, Kaledonia Baru
Cacah Penutur: 80 - 100 yuta
Nang donya urutan ping: 11
Rumpun Basa
Klasifikasi:
Austronesia

 Melayu-Polinesia
  Melayu-Polinesia Kulon
   Sundik
    Basa Jawa

Status Resmi
Basa Resmi nang: Hindhia-Walanda (Jawa)
Dijabel wiwit taun: 1942
Kodhe Basa
ISO 639-1 jv
ISO 639-2 jav
SIL JAN, JVN, JAS, OS, TES

Basa Jawa kuwi kegolong basa Austronesia, utawa basa-basa sing dienggo sak kabehing bangsa Pribumi nang nuswantara sakidul-wetaning benua Asia. Basa Jawa kasebar mulai pucuk kulon nusa Jawa, Banten nganti pucuk wetan Banyuwangi. Liyane kuwi, Basa iki kasebar nang Walanda, Suriname, Curacao karo nang Kaledonia Baru. Basa Jawa uga dituturaken nang Malaysia, Sumatera nganti Irian Jaya.

Basa Jawa dadi kontributor paling gedhe kanggo pengembangan Basa Indonesia. Sanajan dudu basa resmi nang pemerentahan, Basa Jawa kuwi duwe pengaruh ketimbang basa-basa liyane kayata nang kosakata karo istilah-istilah sing biasane cokan nganggo istilah Jawa.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy