Desa

Desa

Desa, utawa ana uga sing ngarani udik, miturut definisi "universal", yakuwe salah siji aglomerasi panggonan pemukiman nang area pedesaan (rural). nang Indonesia, istilah desa yakuwe pembagian wilayah administratif sing macem-macem nang Indonesia nang ngisore wilayah kecamatan, sing dipimpin nang Kepala Desa. Desa mlebu kumpulan sekang pirang-pirang unit pemukiman cilik sing disebut kampung (Banten, Jawa Barat) utawa dusun (Jateng, Yogyakarta) utawa banjar (Bali) utawa jorong (Sumatera Barat). Kepala Desa kadang diwenehi karo aran liya misale Kepala Kampung utawa Petinggi nang Kalimantan Timur, Klèbun nang Madura, Pambakal nang Kalimantan Selatan, Hukum Tua nang Sulawesi Utara.

Kawit diberlakukna otonomi daerah Istilah desa bisa disebut karo jeneng liya, misale nang Sumatera Barat disebut karo istilah nagari, nang Aceh karo istilah gampong, nang Papua lan Kutai Barat, Kalimantan Timur disebut karo istilah kampung. Semana uga kabeh istilah lan institusi nang desa bisa disebut karo jeneng liya sesuai karo karakteristik adat istiadat desa kuwe. Prakara kiye kalebu salah siji pengakuan lan penghormatan Pemerintah marang asal usul lan adat istiadat setempat.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy