Tumpeng

Sego Tumpeng
Tumpeng untuk selamatan
Sega Tumpeng

Tumpeng iku cara nyuguhaké sega lan lawuh sajeroning wangun bucu; amarga saka iku banjur diarani sega tumpeng.[1] Olahan sega kang dianggo lumrahé wujud sega kuning, sanadyan kerep uga digunakaké sega putih biyasa utawa sega uduk.[2] Cara nyuguhaké sega iki mligi Jawa utawa masarakat Betawi katurunan Jawa lan racaké disuguhaké wektu kenduri utawa prayaan mèngeti kadadéan wigati.[2] Sanajan mangkono, masarakat Indonésia wis ngenal kagiyatan iki kanthi umum.[2]

Tumpeng uga diarani tumpukan sega kang padhet.[2] Tumpeng dhapuré kerucut.[2] Wujud kerucut duwé filosofi pangarep-arep supaya urip saya munggah lan dhuwur ing bab drajat, pangkat, lan martabat.[2]

Tumpeng tau didhaku dadi duwèkké Malaysia.[2] Déné pangan liyané kang uga diklai yaiku kupat, cendol, lan rendang.[2] Tumpeng kanggo ubarampé upacara ingkang sipatipun seneng utawa suka uga sedhih.[2] Ing acara ritual, tumpeng lumrahé dihias karo sayuran lan iwak kang duwé teges kang sakral lan duwé pralambang lan pangarep-arep.[2]

Tumpeng dhapuré kerucut lan ditata ing wadhah utawa tampah kang diléméki godhong gedhang.[2] Tumpeng manggoné ing tengah lan diubengi lauk lan sayur.[2]

Jaman biyèn tumpeng wernané putih, nanging supaya katon éndah tumpeng banjur diwernani.[2] Saiki tumpeng kuning kang dienggo ing upacara-upacara mirunggan.[2] Saliyané tumpeng kuning kang kanggo upacara tradisiomal masarakat Jawa, uga ana tumpeng putih.[2] Jaman saiki banjur ana tumpeng-tumpeng kanthi warna liyané, kaya ta tumpeng ijo (daun suji campur daun pandan), tumpeng ireng (biji keluwek utawa abu merang padi), tumpeng abang (sari angkak utawa sari bayam abang), lan tumpeng orén (sari wortel).[2]

  1. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng internet1
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p [1](dipunundhuh tanggal 6 April 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Tubidy